Selasa, 14 Januari 2020

LUDRUK Minthuk Minggat untuk kelas 9A dalam acara HUT SMPN 22 Malang 2017

10 Oktober 2017
LUDRUK 
Minthuk Minggat


Hadirin sekaliam inilah persembahan dari kelas 9A  Drama tradisional yaitu sebuah LUDRUK yang berjudul MINTHUK MINGGAT dengan pemeran
1.     ..                 sebagai Bapak
2.    ..                 sebagai Ibu
3.    ..                 sebagai Minthuk
4.    ..                 sebagai atun
5.    ..                 sebagai Mina
6.    ..                 sebagai Dila
7.    ..                 sebagai Ranti
8.    ..                 sebagai Rina
9.    ..                 sebagai Bondet

Adegan 1
Rumah keluarga Minthuk

(dehem ),… Rungokno rek ikilo kidungan ku
Ngawe seragam pramuka kudunge ungu,
ketemu pak guru dikon moleh,
Dadi murid kudu sregep sinau,
masio fulday dilakoni ae,…. masio gak iso turu sore…

wes rek gak popo sekolah fulday dilakoni ae, wong ancen wes peraturan…

          arek sa iki kakean gizi
          budal sekolah sampek coban pelangi
          bareng ketemon jare budal ngaji
          pas di dedes,… wedi pelajaran BI

          onok maneh seng hobine lari
          lempar lembing karo loncat tinggi
          wayah sembayang kok lola lali
          tibak e mencolot tembok mburi

          jare sak iki wes gak ono BBI
          kudu sinau dewe cek gak lali
          saben isuk  kudu apel pagi
          supoyo mbesok iso dadi pulisi

          Juminten wes kelas songgo, cekap semanten kidungan kulo…

Bapak    : ….ngene iki enake wong lek wes kadung sukses, mangan kari mangan,…ngombe yo kari ngombe kabeh wes nyepak, bojo yo ayu, masio rodok cerewet….. anggep ae ngrungokno radio rusak …..anake, opo maneh yo tambah ayu …..  sopo bapake .. wong aku ngantenge koyok ngene ….. lek aku liwat kels pitu kabeh arek wedok podo suit-suit,.. dikiro aku jaran kepang paling…
Ibu         : Laopo pak kok  ngomong dewe, gak kepingin ngrungokno radio rusak tah ….
Bapak    : e..e.. awakmu dik, kaget aku…
Ibu         : wong kok senengane ngrasani wong wedok,….wes bosen tah ???.
                 Karuane lek wes bosen, aku tak moleh….
Bapak    : lo yo ojok dik,…aku ojok ditinggal yak opo-yak opo awake dewe iki lak wes rumah tangga yo kudu saling setia,.. ngono tah.
              Lo iyo anakmu Minthuk nang ndi…wong sekolah yahmene kok durung moleh…
Ibu         : la yo iku cak, aku iki maeng kate ngomong sampean,… yak opo minthuk iku kok durung moleh
Bapak    : waduh aku kuwatir lek kumat maneh arek iku, pokok saben kumpul arek palmerah mesti ngrandong ae ndek sentono…..
Ibu         : aku kuwatir cak,…engkok pas minggat, soale winggi ngomong aku lek kate minggat…
Bapak    : wah iki gawat,….ayo digoleki bu mumpung durung adoh minggate….


Adegan 2
Rumah teman Minthuk
Atun      : Min iki wes bengi awakmu gak moleh tah….
Minthuk : aras-arasen….
Atun      : kok aras arasen ilo yak opo seh arek iki..
Dila        : alah…. aras-arasen opo ngenteni arek songo F…..????
Ranti      : oalah tibak e minthuk iki ngenteni arek 9 F tah,….. arek kelas songo F iku se ……. Loo…lak bersaing karo aku…
Mina      : songo F…? arek 9 F sopo se kok kepo aku…
Ranti      : Alah mina iki kok pura-pura gak eroh ikulo…sopo… mas…mas.. mas….sopo iku rek …lali aku..
Minthuk : … he ranti awakmu gak usah kuwatir wes lek arek 9 F iku pek en kabeh aku emoh…
Ranti      : aku yo moh wegah, wong aku wes nduwe pacar dewe…
Mina      : wah ranti wes nduwe pacar….. sopo…sopo..aku kandanono…
Ranti      : dudu pacar, mung kenalan, tak kandani tapi ojo direbut yo ……
Rina       : yo wes aku ae kondannono,…
Ranti      : Kenalan ku arek 9 F teko papua…
Semua teman ; 9 F, teko papua, sopo…. Mosok onok seng teko papua,.. he arek songo 9 F onok seng teko papua tah ?????
Ranti      :  onok Jenenge,…jenenge,…lek tak kandani ojo direbut yo ….jenenge…… Alexsander Pulalo teko papua,… iku lo arek seng wedi jarum pas imunisasi…
Semua teman : oooo iku tah eroh aku eroh,...sing nangis iku seh pas disuntik,… la tak ceritani yo…. Pada waktu iku, petugase lak ngomong,… “ Ayo sopo seng nangis pas suntik maeng oleh duwek sekeet ewu,…. La alexander pulalo maeng langsung mlayu nang pak petugase ,,.pak saya pak, saya pak yang nangis  jarene ….La terus Petugase ngomong..” iyo ikilo duwek skeet ewu tapi suntik sepisan engkas ndek mripat….dadak alexander pulalo langsung mlayu sipat kuping wedi disuntik mripate…..
Mina      : arek iku ngono teko papua gang sampurna …..
Rina       : alaaah jek adoan kenalanku,.. kelas 8 arek meksiko,
Semua teman : arek meksiko ????? memang arek kelas 8 ono seng teko meksiko
Rina       : onok arek imuuut, lucuuu saben ketemu kudu tak cetol ae pipine, jenenge…jenenge…. Beri tahu ngak ya…….. teman-teman beri tahu ngak???…Tak bisiki tapi ojok omong-omong lo yo engkok areke isin…..(Sambil membisiki kancane… )
Semua teman : Aleandro,… oh…. Seng diceluk pak udin aleandro iku tah…. Eroh aku… sopo iku jenenge……??????? Sopo rek…????
Atun      : wes,.wes.. mbahas pacar wes… yak opo iki thuk opoko awakmu gak gelem moleh…
Bondet  : opo tak terno, tak gonceng sepeda…
Rina       : wah bondet iki modus ae…. Ojo gelem thuk…ojo gelem…
Bondet  : minthuk kapan maneh aku nduwe kesempatan ngonceng awakmu,…sak jane aku seneng karo awakmu,…. Masio aku gak tahu ngomong….. tapi kabeh sak tingkah polahmu gak luput soko mripatku,… solahmu, esemmu,..nguyumu… kabeh wes mancep njero atiku,…, minthuk …peraasn ati iki gak iso nutupi bungane atiku rikolo aku mandeng awakmu,…rikolo aku ngadek upacara neng sebelahmu, rikolo aku sak kelompok ngarap PR karo awakmu, opo maneh pas aku diukum karo awakmu mergo gak ngarap Tugas …rasane aku pengen diukum terus karo awakmu,,…minthuk gak tahu onok roso basen kangen awakmu padahal aku kangene wes saben dino tapi yo tetep aku ora bosen kangen awakmu ,…gelemo yo karo aku….
Minthuk : ndet sepurane seng akeh, bukane aku gak seneng karo awakmu,… tapi… ngertio awake dewe iki jek sekolah,… masa depane awak dewe jek dowo …. Sepurane yo ndet..
Bondet  : minthuk,… opoko awak dewe kok gak oleh,…. Deloken arek arek songo D, songo E,.kelas pitu, kelas wolu .kabeh podo pacaran,… opoko awake dewe kok gak oleh iku gak adil thuk…??
Minthuk : ndet…. Awake dewe kudu luweh ngerti, endi seng oleh karo endi seng gak oleh
Bondet  : yo wes thuk aku ngerti perasaanmu,… aku yo luweh ngerti isi atimu, nanging ngertio awakmu,.. aku gak bakalanninggal awakmu, yen dudu awakmu seng ngejarno aku ninggalawakmu
              MUSIK
Atun      : wes..wes.. Thuk jare awakmu gak gelem kok malah cekel-cekelan tangan…. Kudu nangis aku,… wes opoko awakmu gak gelem moleh….?
Minthuk : awakmu eroh  a opok o aku kok aras-arasen moleh, aku iki kepingin minggat…
Semua teman   : opo Minggat !!!!!
Minthuk : iyo minggat….
Atun      : opoko kok minggat
Minthuk : ( minthuk mendramatisir situasi sambil jalan-jalan) awakmu kepingin eroh opoko aku kok kepingin minggat,… mosok sekolah wes fulday… budal isuk utuk-utuk jek kabut moleh suuooore,…bareng bapak moleh nyambut gawe, aku mek disangoni rong ewu, eroh a awakmu Rong ewu..
              Oleh opo rek rong ewu, wes salah gak mbontot, ….aku mosok ayu koyok ngene disangoni mek rong ewu,..ngenes aku rek,…. ngenes,… iku ae moleh telat titik diseneni gak eroh lek fulday iku ancen molee sore, gak sinau seneni, gak ngaji seneni, aku lali gak ngowo sandal seneni, gak ngowo buku seneni, wes pokok kabeh dino dadi senen…
Bondet  : sek..sek… awakmu lek gak ngowo sandal, gak ngowo buku mosok ibukmu nyeneni…???
Minthuk : ooo…iyo duduk ibukku yo seng  nyeneni… la terus sopo seng nyeneni…???
Bondet  : aku yo lali kok sopo seng nyeneni..
Dila        : lek awakmu pacaran iko yo diseneni ngak…
Minthuk : opo maneh wes gak disenneni tok,… langsung dikunci ndek kamar aku….
Atun      : Thuk lek awakmu minggat …masalahe gak iso mari…ojo minggat kabeh iku mesti ono solusine…
Rina       : wes ngene ae yak opo lek minthuk di terno moleh rame-rame terus dijelasno nang wong tuwane
 Semua teman : yo wes ayo rame-rame nang omahe minthuk…

Adegan 3
Dirumah Minthuk
Ibu         :.. huh u hu (menangis) oalah thuk..minthuk anaku seng ayu dewe, nang ndi ae awakmu iki wes yah mene kok durung moleh… hu..hu…
Bapak    : wes talah dik, uwes di enteni ae, mari ngene lakyo teko tah…
Ibu         : aku kuwatir cak,….kuwatir koyok berita ndek tv…
Bapak    : wes gak usah mikir seng macem-macem dik…. Aku dewe sak jane yo kuwatir…
Semua teman   : Assalammualaikum….
Ibu         : Waalaikum salam… oalah anakku moleh (langsung memeluk anaknya)
Minthuk : ibu sepuntene ingkang katah ngeh ( sambil menangis)
Dila        : Bu, bapak minthuk wau teng ngriyo kulo belajar kelompok
Ibu         : opok o kok gak pamit nak..
Atun      : sak jane wau minthuk bade Minggat
Bapak    : opo minggat..!!! opok o nak kok minggat
Ranti      : pak sak niki sekolah niku sampun fulday, dados wangsul ipun ngeh sonten, lek wangsul sonten niku minthuk mboten dolen pak,
Rina       : leres niku bu, terus minthuk niku nedi dibontot aken, kaleh sangune kirang bu mosok namung kaleh ewu….
Minthuk : ngeh pak, bu … sanguku kurang ….
Ibu         : yo wes nak… ngerti sak iki ibu, sepurane yo nak…
Minthuk : ngeh buk minthuk mboten minggat maleh….

Musik..

………………………………………………………………………………………………………







Tidak ada komentar:

Posting Komentar